rangkuman

4

Click here to load reader

Upload: xoteboxer

Post on 18-Feb-2017

88 views

Category:

Internet


6 download

TRANSCRIPT

Page 1: rangkuman

KATHOK KODHOK

Ponakanku sing cilik dhewe lagi nangis. Tangise orakaya biyasane. Ikigawe jengkele ibune sing lagi sibuk nyiapake mulang.Bojone durung mulih saka nyambut gawe. Dene anak-anakeliyane wis padha mlebu neng kamare dhewe-dhewe, njekutsinau nyiapake ujian komprehensif.

“Kang Letug, tulung ya, dijaga anakku iki.Dineng-nengi ben orangganggu. Aku jan lagi buneg tenan lho.” Panjalukeadhiku wadon iki.

“Ya, dak neng-nengane.” Aku banjur mlaku nyedhakiponakanku sing umuredurung ana limang taun.

“Udah yah…Mama sedang sibuk tuh. Kan kasihan kalauadik nangisterus..” Aku omong nganggo basa Indonesia.

Page 2: rangkuman

Pancen bocah jaman saiki basa jawa sing alus ora padhangerti. Mulaneing kulawargane adhiku, basa padinane campur. Malahluwih akeh padhanganggo basa Indonesia. Rasane lucu yen aku nyobanganggo basa jawa sing alus. Bocah-bocahe padha oraseneng. Banjur miwiti nganggo basa Indonesia.Bocah-bocah uga wis ora nyebut rama utawa ibu marangwongtuwane, nanging wis migunakake tembung Papa utawaMama.

“Kenapa menangis terus Teta? Apa karena dinakaliMama?”

“We…weeee… Teta mau dibelikan baju baru…we…wee..”

Teta jenenge ponakanku mau, kepengin ditukokake klambianyar. Mbokmenawa bapak ibune mung durung sempat wae.

“Besok Pak Dhe belikan ya…mau enggak?”

Krungu jawabanku mau, dheweke banjur ketok lega.Ngusap luh nengpipine, senajan ta isih mimbik-mimbik manja banget.

“Besok Pak Dhe belikan yang namanya celana kodok ya?Tahu enggak kamu?”

Jawabane ponakanku mung gedhek-gedhek. Ora ngerti apakuwi sing jenengekathok kodhok. Kamangka dhek jaman cilikanku, kathokkodhok kuwiistimewa banget. Saben bocah yen krungu tembung kathokkodhok bisa banjur senenge ora mekakat. Kathok kodhokdadi favorite bocah-bocah. Mergane yen dienggo angettur ora mlotrak-mlotrok.

Aku banjur crita marang ponakanku ngenani kathokkodhok kuwi.

Sawatara crita bab kathok kodhok, pikiranku kelingandhek jaman semanaaku duwe kathok kodhok sing anyar. Aku dolananingkling karo kanca-kancaku neng ngomah. Nanging,blaik, ing tengah-tengahe dolanan ingkling, akungebrok (ngising neng kathok). Suara pret….preet…. preeet…. banjur ambune wah…jan orakaruwan! Kanca-kancaku banjur padha bengok alok:

Page 3: rangkuman

“Oeeee, Letug ngebrok! Letug ngebrok!” Mboko sijikanca-kancaku padha mlayu nyingkiri aku karo nutupirunge.

Aku mung bisa nangis nggugug ditinggal kanca-kancaku.Aku nangis mergakathok kodhokku sing anyar dadi reged kena abyuransaka wetengku.

Ora let suwe, nanging, sing nyedhaki aku ora liya yaibuku. Aku oradinesoni. Ibuku malah mung gumujeng. Aku banjurdicandhak digawamenyang wc.

Ibuku ora wegah ngresiki regedanku. Ibuku ora wegahnyedhaki ambuneregedanku. Ibuku ora wegah nyandhak awakku lan nyawikiaku. Ibuku oraduka weruh kathok kodhok anyarku dadi reged. Lan akubanjur meneng anggonku nangis. Aku mandeng ibu singisih gumujeng lan gawe tentreme atiku.

Kelingan pengalaman mau, aku mung bisa ngguyu dhewe.Kathok kodhokkusing anyar wis reged lan mambu. Nanging aku bisa nemugumuyune ibu sing ora ilang saka rasaku.

Yen ing kulawarga isih ana ibu sing bisa gumuyu,ngresiki reregedaninganak, sepira begjane wong neng alam donya yen akehsing isih padha bisa gumuyu uga ngresiki reregedingurip bebrayan.